Langsung ke konten utama

pangerten,titikane, unsur-unsur, lan sinopsis cerkak


Cerita Cerkak
A.    Pangerten
cerita cerkak (cerkak) yaiku crita kang ringkes,prasaja, lan ora mbutuhake wektu kang suwe anggone maca.
B.     Titikane Cerkak
1.      Fiktif/ ora nyata
2.      Critane ringkes (ora mbutuhake wektu kang suwe kanggo maca)
3.      Kurang ska 10.000 tembung
4.      Gegayutan karo lelakone manungsa
5.      Alur crita dumadi saka wiwitan, dredah, ngrampungake perkara.
C.    Unsur-Unsur Cerkak
Unsur cerkak bisa kabedakake dadi unsur intrinsik lan unsur ekstrinsik
1.      Unsur intrinsik
a.       Tema
Yaiku ide pokok utawa kang dadi underane prakara crita.
b.      Paraga
Yaiku pelaku kang mbangun crita. Paraga kaperang dadi telu,yaiku:
Ø  Protagonist yaiku paraga kang nyengkuyung dalane crita, biasane nduweni sifat kang becik.
Ø  Antagonis yaiku paraga kang nentang dalane crita utawa nentang protagonist. Biasane nduweni sifat kang ala.
Ø  Titagonis yaiku parag kang dadi panengah. Biasane nduweni sifat becik lang ndukung marang paraga protagonist.
c.       Watak
Yaiku tandha-tandh fisik (dhuwur,lemu,pesek ,lsp) lan tandha-tandha non-fisik kang diduweni paraga (galak, sumeh,grapyak,pinter,lsp).
d.      Setting lan Latar
Setting yaiku papan lan wektu kadadeane crita. (papan: pasar,sawah,dalan,kantor. Wektu: esuk,awan,sore,bengi)
Latar yaiku kalebu ing setting. Latr iku suasana kang ana ing sajroning carita. (sedhih,seneng,ayem,tentrem,lsp)
e.       Sudut Pandang
Yaiku ing ngendi pengarang mapanake dheweke ing crita. Sudut pandang iku ana loro,yaiku:
Ø  Sudut pandang wong kapisan
Pangripta kaya dene paraga kang ana ing carita. Umume nganggo tembung ganti aku,enyong,lan kula.
Ø  Sudut pandang wong katelu
Pangripta namung dadi pengamat dlane crita. Kanggo nyritakake dalane crita umume nggunakake jeneng uwong, tembung ganti katelu kaya panjenenganipun.
f.       Basa
Yaiku basa kang digunakake pengarang ing crita.
g.      Amanat
Yaiku piweling kanga arep diwenehake pengarang marang wong kang maca cerkak.
h.      Alur/ Plot
Yaiku reroncening crita utawa urut-urutane crita wiwit lekas nganti pungkasan.
Alur iku kaperang dadi telu:
Ø  Alur maju
Ø  Alur mundur
Ø  Alur campuran
Bakune crita wiwit saka wiwitan nganti pungkasan (perkenalan,konflik,penyelesaian). Miturut Aristoteles struktur cerita kawangun saking enem unsur kanthi urut,yaiku:
Ø  Introduksi       : Ngenalake paraga
Ø  Reasing action : Paraga utama nduweni niat lan tumindhak
Ø  Konflik                        : Paraga utama nduweni cecongkrahan
Ø  Klimaks                       : Nemukake solusi kanggo cecongkrahan kang ana
Ø  Resolusi           : Asile saka solusi kang ditemukake
Ø  Kongklusi        : Dudutan utawa panutuping crita.
2.      Unsur Ekstrinsik
Yaiku unsur kang mbangun cerkak saka sanjabane cerkak, kang mangaribawani pangripta anggenipun ngripta cerkak ing antarane:
a.       Agama
b.      Ekonomi
c.       Sosial
d.      Pendhidhikan, lan
e.       Budaya
D.    Sinopsis cerkak
Sinopsis inggih punika ringkesan carios kanthi ngutamakaken plot utawi alur ingkang pas lan narik kawigatosan saking satunggaling cerkak,novel, utawi drama. Nulis sinopsis bisa ditindhakake kanthi cara:
1.      Maos naskah aslinipun kangge mangertosi kesan umum panganggitipun
2.      Nyerat gagasan utama kanthi maringi garis ngandhap gagasan-gagasan ingkag wigati punika.
3.      Ndamel ringkesan adhedasar gagasan-gagasan kang ana ing crita, kita ginakaken ukara ingkang padhet, efektif lan narik kawigatosan nanging tetep nggambaraken waosan aslinipun.
4.      Pachelaton lan monolog tokoh cekap dipunserat wos utawi dipun padosi garis agungipun kemawon.
5.      Ringkesan sinopsis mboten angsal nyimpang saking crita aslinipun.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Pengertian,ciri-ciri,kelemahan dan kelebihan pasar persaingan sempurna,pasar monopoli,pasar monopolistik, serta pasar oligopoli

Struktur Pasar A. Pasar Persaingan Sempurna  1) Pengertian Pasar persaingan sempurna merupakan struktur pasar yang menggambarkan keadaan penjual dan pembeli tidak dapat saling mempengaruhi harga, artinya harga terbentuk karena kekuatan pemintaan dan penawaran. 2) Ciri-ciri pasar persaingan sempurna  Penentuan harga oleh interaksi diantara keseluruhan produsen dan keseluruhan konsumen.  Kemudahan keluar masuknya produsen.  Memproduksi barang sama (homogen)  Terdapat banyak perusahaan atau produsen dipasar  Pembeli mempunyai pengetahuan mengenai pasar. 3) Kelebihan pasar persaingan sempurna  Harga yang terjadi adalah harga pasar  Dari sisi produsen terdorong untuk melakukan efisiensi dan efektivias dalam berproduksikarena tingginya persaingan  Persaingan terjadi secara sehat  Barang diperdagangkan tersedia dalam jumlah besar  Penjual dan pembeli memperoleh kepuasan maksimal. 4) Kelemahan pasar persaingan sempurna  Inovasi produk tidak membaw